
Mlebu ning punjere kripik welut deso Pusur ngliwati dalan-dalan lemah sempit ning tengah sawah. Penghuni omah-omah deso podho nggoreng kripik welut kanggo dodolan dhewe utowo dikirim ning toko-toko jajanan khas daerah. Ngarep omahe biasane ono etalase koco kanggo dasaran dodolan kripik welut. Ning kono kripik welute wis diwadahi kantong-kantong plastik sing bobote seprapat uwoto setengah kiloan. Yen pengin tuku sing bobote sak liyane kuwi, bakule langsung nimbangne kripik welut sing isih durung diwadahi kantong plastik. Ning kono ugo didol kripik paru, usus lan ceker pithik.
Kanggo digowo mulih, yen tuku kripik welut ning sentra kripik welut kene iso milih ukuran kripik welut, ono sing cilik, sedengan lan gedhe. Malah yen pengin ngicipi jenis kripik ning kono, bakule yo nyediani gratis kripik welut sak banyu putihe yen ngelak sakwise ngicipi kripik welut. Kripik welut sing ukuran cilik rasane luwih gurih lan kemremes. Dodolan kripik welut kanthi suasana paseduluran. Icip-icip kripik welut anget ning suasana persawahan sing ijo royo-royo jan nyenengne tenan. Wektu aku ngrasakne kripik welut, malah anakku seneng dolanan lan playon ning galengan sawah. Peace man!
Kiwo tengene omah-omah deso ono sawah-sawah sing ombo banget. Wong-wong kono lek golek welut yo ning sawah-sawah kuwi. Sawah-sawah sing ditanduri pari sak dowone tahun. Pancen kono kuwi daerah penghasil beras sing terkenal. Aku kelingan jaman ndisik wektu isih cilik ning Blitar, yen golek welut ning kali, tapi kene ning sawah. (Pulung)
No comments:
Post a Comment