Monday, October 13, 2008

Konsep Pulung

Paling ora ono telu konsep pemahaman "pulung". Sing sepisan, pulung iku nyata ana lan mujudake perlambang tumibane wahyu kanugrahan, kemujuran lan keslametan saka Gusti Kang Maha Kuwasa. Wahyu kanugrahan, kemujuran lan keslametan iku dudu perkarane manungsa wantah. Ana campur tangan saka tangan kang ora katon (invisible hands), tangane Gusti Kang Maha Kuwasa.

Sing kaping pindho, pulung minangka pangreh praja kaya dene pulung kaprajan, wahyu keprabon utawa Wahyu Cakraningrat. Pulung iku kaya cahyane lintang (Halley comet). Wong sing ketiban pulung dadi lurah, bupati, walikota, gubernur, pejabat negara lan uga presiden iku wong-wong sing nampa wahyu utawa pulung kaprajan. Mula banjur ana sesebutan "ketiban pulung". Istilah sing dienggo pancen "ketiban" dudu kesandhung, nemu, utawa entuk. Ketiban iku saka tembung "tiba". Tumiba mesthi asale saka ndhuwur. Pulung kaprajan asal usule saka garise pesthi lan peparinge Gusti Kang Maha Suci. Pemahaman iki nganggep yen pulung iku ana wujud fisik cumlorote lintang.

Sing angka telu, pulung iku mung mitos (myth) kayadene Kanjeng Ratu Nyai Roro Kidul lan sapanunggalane. Mitos bisa dicipta lan disebarake kanggo tujuan sosial utawa politis. Mitos iki umpamane, mungkin wae diciptakake kanggo mbentengi panguwasa raja-raja Mataram. Wong-wong sing arep ngrebut panguasane bakal mikir-mikir amarga sing diadhepi iku duwe dhekeng panguwasa ghoib ing segara kidul. Wallahualam bissawab.

2 comments:

Budi Spoil said...

Neh direalis teko awale Pulung sekolahe dlewar dlewer tibake metune dadi lan apike. SMA Blitar iku mung lantaran amanah dadi wong gede kabeh.
Kelingan pora polahmu ning sekolahan, sekolah klambine gak tahu dilebokne, buku sitok dijepit ning saku mburi, rokokan ning ngarep pintu kulon, mangan kacang nggone mbok sopo kae, dikeker Pak Harun, terrus diceluk bareng.... diadili.
Tibake dadine koyo ngono. Kabeh kuwi mergo anak-anak barokah yo...

pulung said...

Iyo, nanging nganti saiki aku nganggep Pak Harun kuwi kepala SMAN1 sing paling apik. Aku karo Bapakku ndisik yo sok dolan ning omah dinase Pak Harun sing nggone ning bagian mburi sekolah SMA.

Sampeyan ngelekne aku untuk terus bersyukur. Pancen kabeh mau ora liyo mesthi mergo Barokahe Gusti Allah.